middle ad Hadis tentang Keutamaan Sholawat : "Manusia yang paling berhak bersamaku pada hari kiamat ialah yang paling banyak membaca shalawat kepadaku." (HR Tirmidzi) وعن ابن مسْعُودٍ أنَّ رسُول اللَّهِ ﷺ قَالَ: أَوْلى النَّاسِ بِي يوْمَ الْقِيامةِ أَكْثَرُهُم عَليَّ صَلاَةً رواه الترمذي

Syiir "WALISONGO" (Cipt. Dr. KH. Anasom, M.Hum) | Lirik Teks | Ahmad Adib Nawawi Al Azhmatkhan

 Syiir WALISONGO ciptaan Dr. KH. Anasom, M.Hum (Dosen UIN Walisongo Semarang)

Karya : Dr. KH. Anasom, M.Hum

Vocal : Ahmad Adib Nawawi Al Azhmatkhan

Backing : Slamet Riyadi, S.Th.I

Music : https://youtu.be/_L5YXhYvxAA


Berikut Liriknya:

Syiir WALISONGO 

..........


Walisongo ulama Jowo

Berdakwah nang nusantoro

Dakwah islam nganggo budoyo

Dadi Islam wong tanah Jowo 2 x


Maulana Malik Ibrahim

Wali sepuh Wali Gresik

Ngajak Islam kabeh manungso

Dadi iman kabeh bongso 2x


Raden Rahmat Sunan Ampel

Gawe pesantren nang Ampel

Poro santri tolabul ilmi

Dadi manfaat kanggo negri 2 x


Raden Paku Sunan Giri

Santri Ampel masyhur wali

Dadi Ratu Giri Kedhaton

Ngajak ummat urip kang maton 2 x


Wali Tuban Sunan Bonang

Wali wadat guru Sufi

Mulang ilmu kang migunani

Nganggit Kitab kang Manfaati 2 x


Kitab primbon Sunan Bonang

Dadi punjer Ilmu Agami

Nukilane Imam Ghazali

Tarekat Suni kabeh podo ngerti 2 x


Sunan Drajat Wali Lamongan

Ngrumat krabat Mulang rakyat 

Paring pituduh kanjeng Nabi

Mulo kabeh podo ngugemi 2x


Raden Syahid Sunan Kalijogo

Putra bupati Wilotikto

Putra Tuban asli Jowo

Dakwah Islam nganggo budoyo  2 X


Raden Syahid Ngaji Agama

Sunan Bonang guru waskito

Alim fiqh alim agomo

Mulang Syahid dadi Ulama 2X


Jakfar Shodiq Sunan Kudus

Ngajak rakyat kanthi hurmat

Budoyo kang wis ono

Dadi seneng kabeh manungso 2 X


Raden Said Sunan Murio

Wali pucuk gunung Cala

Wali akhir kang Wicaksono

Ngajak Islam kabeh kawulo 2X


Raden Syarif Hidayatullah

Dakwah Islam sabrang Kulon

Wali cirebon Gunungjati

Ngajak Mukti sedoyo negeri 2 X


Similar Videos

0 comments: